Minggu, 04 Oktober 2009

Serat Wulangreh

  • Serat Wulang Rèh, kuwi karya Jawa klasik tinggalan Paku Buwana IV( 1768 – 1820 ), arupa puisi tembang macapat, jroning basa Jawa anyar kang tinulis ing taun 1768 nganti taun 1820 ing Kraton Kasunanan Surakarta. Isi teks bab ajaran ètika manungsa idéal kang ditujokaké marang kulawarga raja, kaum bangsawan lan hamba ing kraton Surakarta. Ajaran ètika kang ana ing njeroné minangka ètika kang idéal, kang dianggep minangka paugeran urip masarakat Jawa, utamané ing lingkungan Kraton Surakarta. Miturut Serat Wulangrèh, hubungan sosial isih ngugemi sipat tradhisional kanthi urutan miturut umur, pangkat, bandha, lan awu ’tali kekerabatan’. Konflik tinarbuka sak bisa-bisané diendhani. Donya lair kang ideal yakuwi donya kang saimbang lan selaras, kaya déné kasaimbangan lan kaselarasan lair lan batin. Urip ora bakal nandang cacat yèn batiné tetep waspada. Kawaspadan batin kang terus terusan iku bakal nyegah tingkah laku, wicara lan celathu sing kurang patut. Ngurangi mangan lan turu iku minangka latihan kang utama kanggo ngéntukaké kawaspadan batin. Saliyané kawaspadan batin uga diendhani watak sing ora apik, yaiku watak adigang, adigung lan adiguna. Suwaliké kudu miara watak “ rèh “, sabar lan “ ririh “ , ora kesusu lan ati-ati. Kalakuan kang nguntungaké awaké dhéwé lan ngrugèkaké liyan kudu diendhani, ngapusi (dora), nyengit lan sawenang-wenang kudu diadohi. Yèn batiné wis waspada, tingkah lakuné kudu sopan, tingkah laku sopan yakuwi tingkah laku kang :
    1 Deduga, ditimbang kanthi premana sadurungé njangkah
    2 Prayoga, ditimbang apik alané
    3 Watara, dipikir mateng sakdurungé mènèhi kaputusan
    4 Reringa, sakdurungé yakin tenan tumrap kaputusané iku
  • Pitutur
    Ana limang perkara kang kudu lan wajib dikurmati yaiku : bapa lan biyung, maratuwa lanang - wadon, sedulur lanang kang paling tuwa, guru lan raja. Pesen lan pitutur marang anak putu:
    1. Patuh lair lan batin marang wong tuwa
    2. Aja gampang mongkog (puas) marang nasib kang ditampa
    3. Takon marang alim ulama bab agama lan Al Qur'an
    4. Takon marang sarjana utawa wong pinter ngenani suba sita lan tata basa.
    5. Sregeb maca kitab-kitab lawas kang isi tuladha lan crita-crita kang becik.
    6. Takon marang wong-wong tuwa bab cara mbédakaké tingkah laku kang apik lan ala, kang nistha lan kang pinuji, kang cendhèk lan kang dhuwur.
  • Tèks
    Serat Macapat Dandanggula :
    1. Pamedare wasitaning ati, ujumantaka aniru Pujangga, dahat muda ing batine. Nanging kedah ginunggung, datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padanging sasmita.
    2. Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.
    3. Jroning Quran nggoning rasa yekti, nanging ta pilih ingkang unginga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, tedah sasar susur, yen sira ajun waskita, sampurnane ing badanira, sira anggugurua.
    4. Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing chukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.
    5. Lamun ana wong micareng ngelmi, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang : prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, lan kijase papat iku salah siji, ana-a kang mupakat.
    6. Ana uga den antepi, yen ucul saka patang prakara, nora enak legetane, tan wurung tinggal wektu, panganggepe wus angengkoki, aja kudu sembah Hajang, wus salat kateng-sun, banjure mbuwang sarengat, batal haram nora nganggo den rawati, bubrah sakehing tata.
    7. Angel temen ing jaman samangkin, ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong jaya ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing panggawening sarak, den arani luput, nanging ta asesenengan, nora kena den wor kakarepaneki, pancene prijangga.
    8. Ingkang lumrah ing mangsa puniki, mapan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang pada ngupaya, kudu angguguru, ing mengko iki ta nora, Kyai Guru narutuk ngupaya murid, dadiya kantira.

1 komentar: